cropped-a1.jpg

Bahasa Jawa – Semester 2

Foto-0075

Cerita Cekak (Cerkak)

1.     Maca Cerita Cekak

Maca cerita cekak (cerkak) apadene cerita landhung (cerdhung) iki padha bae. Pamacan iki kalebu jinising maca endah (susastra). Maca endah kajaba kudu ditindakake kanthi mredi kedaling lesan (lafal), lagune, lan nyilemi lelakon kang ginambar jroning karangan.

Cerkak utawa cerdhung kang mujudake asil pandaya cipta (kreatifitas) utawa rerekaning panulis dumadi saka bebakalaning critan kang arupa: (1) underan (tema karangan), (2) purusan lan watak-wantune (tokoh dan perwatakannya), (3) padunung lan swasana (latar), (4) alluring crita (plot), (5) aneas (amanat), lan (6) pamawas (sudut pandang pengarang). Mula, yen arep nyaruwe sawijining cerkak kudu nyetiteni bebakalaning cerkak iku. Lha, yen arep nyaruwe pamacane cerkak, kajaba nyetitekake bebakalaning cerkak iku, uga nyetitekake kedaling lesan, lagune, lan panyileme lelakone.

Cerita Rakyat

  1.     Cerita  Rakyat

           Crita rakyat utawa folklore (Anglo Saxon:folk= rakyat; lore= pelajaran) lumrahe nyarap critan kang sumebar kanthi lesan. Critane digegandheng karo kadigdayan utawa kasektene wong kang kondhang-kawentar ing masarakat, ngenani dongeng lelembut, lan liya-liyane. Yen ngenaini kadigdayan lan kasekten, lumrahe digathuk-ghatukake karo kaanan utawa dumadine panggonan. Crita rakyat iku di senengi wong akeh awit ngandhut piwulang utawa tuntunan ngenani patrap kang prayoga ditiru, lan kang ora prayoga ditiru.

 

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo ukara kang ngarep!

  1. Ing ngendi prenahe desa cilik Bekonang kang wekasane dadi kutha kawedanan iku?
  2. Kepriye kaanane dasa Bekonang sadurunge taun 1900-an?
  3. Sapa ta kang mandhegani desa Bekonang iku?
  4. Sapa ta Kyai Hanggaspati iku?
  5. Apa kadigdayane kyai loro iku? Sapa kang menang ing tembene?
  6. Geneya Kyai Kunang lan Kyai Hanggaspati padha pasulayan? Apa wujude?
  7. Madha karo unen-unen kang endi kemenangane Kyai Kunang iku?
  8. Apa ta mungguh karep tembung  “gagasan” lan “pancuran” kaya kang kacrita iku?
  9. Apa ta werdine tembung “bekonang” iku? Manut kasusastran, kalebu apa ta crita rakyat kang kaya iki?
  10. Kalebu apa ta negesi tembung kang kaya mengkono manut piwulang basa?
  11. Ing wektu saiki apa isih ana kutha kawedanan lan karesidhenan? Yagene?
  12. Apa ta drajat utawa pangkat wedana lan residhen iku?

 

 

Kawruh Kasusastran

Kasusastran jawa karacik mawa basa kang mligi lan tata. Tetembungane dironce kanthi edi peni ndhapuk ukara gancar. Reroncening ukara ana kang bisa obah owah, nanging ana uga kang gumathok ora kena diowahi. Surasaning ukara ana kang wanthah, lan ana kang asipat pasemon, ngemu teges entar.

Kasusastran kang arupa basa gancar, dhapuking ukara tinamtu, ajeg panganggone, ngemu teges entar, upamane: paribasan, sanepa, panyandra, isbat, lan cangkriman.

1.      Paribasan

Paribasan iku unen-unen kang wis gumathokracikane. Teges kang kinandhut uga wis tartamtu mulane ora kena diowahi. Lumrahe paribasan iku ngemu teges kang entas (kiasan). Tegesing tembung lumereg (Ind: bergeser), gumantung ing surasane lan karepe kang kinandhut ing unen-unen.

Paribasan iku ngemu teges tetandhingan, pepindhan utawa pepiridan, saemper pasemon. Lumrahe, sing disemoni iku manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesmbunganing manungsa lan alam uripe.

Paribasan ana kang ingaran bebasan lan saloka. Paribasan diarani bebasan yen lereging teges ngenani sesipatan utawa kaanan kang gegayutan karo ulah kridhaning manungsa. Tuladhane, yen ana wong kang ngumukake kekuwatane, gumedhe, lan kuminter, dibebasakake: adigang, adigung, adiguna. Paribasan diarani saloka yen lereging teges ngenani sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake. Tuladhane, yen ana wong tuwa njaluk wulang karo anak disalokake: kebo nusu gudel.

2.      Sanepa

Sanepa iku unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa tetendhingan, lan nduweni teges mbangetake kanthi nyurasa kosokbaline. Tuladhane, yen arep ngandhakake tatu sing kerep banget, disanepakkake: tatune arang kranjang.

3.      panyandra

panyandra iku unen-unen memper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan lan ngemu teges memper. Tetandhingan iku lumereg marang kaendahan. Mula kang dicandra iku bab becik, lan mengku karep ngalem kaendahane, kayata: alise nanggal sapisan, bathuke nyela cendhani, bangkekane nawon kemit ,lsp.

4.       Isbat

Kang duiarani isbat iku unen-unen kang ajeg panganggone lan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud racikaning tembung kang dhapuk ukara kang ngemu teges entar lan ngemu pasemon. Tembung isbat tegese katetepan, saemper paribasan. Tegese lumereg marang kawruh pilsapat lan pasemon, kayata: golek banyu apikulan warih, golek geni adedamar, nggoleki wekasing langit, lsp.

5.      Cangriman

Cangriman iku unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata, surasane ngemu teges kang kudu dibadhe (dibedhek/dicape). Mula, cangkriman uga diarani badhean, bedhekan, utawa capean. Racikaning cangkrima iku ana kang adhapur ukara lumrah, lan ana kang sinawung ing tembang.

Manut wujud lan dhapukane, cangkriman dibedakake dadi telung warna, yaiku:

a. Cangriman kang adhapur rerakitaning tembung wancahan, kayata:

-          Wiwawite lesmbadhonge = uwi dawa uwite, tales amba godhonge

-          Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tepak kebo amba, tepek ula dawa, tepak sapi ciyut.

-          Lut mahe ndut, yu mae rong = welut umahe ngendhut, yuyu umahe ngerong.

b. Cangriman kang adhapur rakitaning ukara kang ngemu surasa irib-iriban utawa pepindhan, kayata:

-           Gajah nguntal sangkrah = luweg

-          Pitik walik saba kebon = nanas

-          Sega sakepel dirubung tinggi = salak

c.       Cangkriman kang surasa blendheran utawa ateges plesedan, kayata:

-          Ana piranti ing dhapur yen ketiban cecak bisa mabur apa iku? Wangsulane: kalo ( tulisan jawa kalo yen diwenehi tandha

cecak dadi kalong).

-          Ing sakdhuwure lawang ana cecake, nanging yen cecake lunga, lawange dadi kewan kang seneng wowohan. Kewan

                          apa iku? Wangsulane: lawa ( ing ndhuwure tulisan Jawa lawang pancen ana tandha cecake, dene yen tandha cecake ilang

dadi lawa).

Geguritan

Geguritan

Geguritan iku sawijining dhapur susastra kang awujud iketaning basa kang memper syair. Mula ana sing ngarani geguritan iku syair Jawa. Tembung geguritan dumadi saka tembung gurita kang minangka owah-owahan saka tembing gerita. Dene gerita iku linggane gita, tegese tembang. Ing sakawit geguritan iku tinemu ing lagu-lagu dolanan.

Manut pandhapuke ukara lan pangiketing tembung, araning geguritan iku warna-warna, kayata:

  1. Rong gatra sapada, diarani gita dwigatra
  2. Telung gatra sapada, diarani gita trigatra
  3. Patang gatra sapada, diarani gita caturgatra
  4. Limang gatra sapada, diarani gita pancagatra
  5. Nem gatra sapada, diarani gita sadgatra
  6. Pitung gatra sapada, diarani gita saptagatra
  7. Wolung gatra sapada, diarani gita hastagatra
  8. Sangang gatra sapada, diarani gita nawagatra
  9. Sepuluh gatra sapada, diarani gita dhapur sonata, lan
  10. Tanpa tinamtu, diarani gita mardika

 

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s