WARA-WARA
Wara-wara tegese pengumuman utawa ajak-ajak kang di tujuake kanggo khalayak umum supaya ngertI.
Jenise :
- Layanan masyarakat
- Iklan
- Sayembara
Pambyawara :
- Wong kang macakake wara-wara
- Wong kang nyebarake wara-wara
Sandyawara yaiku acting
Tuladha wara-wara iklan :
Bapak-bapak, Ibu-ibu menawi panjenengan gerah waja (lara untu), kula aturi ngunjuk Puyer Cap 16 caspleng khasiate. Puyer Cap 16 Prodoksi PT. BINTANG TUJOE. Saget dipun pundhut wonten ing took-toko, warung-warung ingkang wonten gambaripun Bintang Tujoe.
Radio: WOW FM
RAGAM BASA NGOKO
Basa ngoko diperang/dibagi ana 2 werna yaiku :
1. Ngoko Lugu
Wujud basane ngoko kabeh. Lumrahe dienggo omongan kanca karo konco sing wis kenal akrab utawa wong tuo marang wong nom sing wis kulino.
Tuladhane :
Amir : Danur, kwe wis mangan during ?
Danur : Durung Mir, kowe arep njajakake aku po ?
2. Ngoko Alus
Wujud basane ngoko campuran krama inggil. Gunane kanggo ngomong kanca karo kanca nanging ngurmati antarane kanca nanging wis tuo bareng utawa kanca kentel wis pada dadi pegawe.
Tuladhane :
Pratama : Pak, iki arep ngendi, sadjake kok penting banget.
Didik : Arep nyang kantor, iki rak Bupatine arep rawuh nang kantorku.
La panjenengan arep tindak ngendi sadjake kok yo repot ngono.
Pratama : Iya, iki isih blanja kanggo slametane bapak, mengko sore panjenengan ya
tak aturi rawuh.
MICARA NGANGGO TELEPON
1.) Sopan santun micara ngganggo telepon
Micara ngganggo telepon iku dibedake dadi rong werna yaiku : (1). Minangka pamicara, lan (2). Minangka mitra wicara
Pamicara iku wong nduweni prakarsa micara. Mulane, sadurunge micara wis ancang-ancang milih tetembungane amarga wis cetha sapa sing arep diajak micara kosok baline, mitra wicarane during ngenteni sapa sing ngajak wicara. Apa sing arep ngajak micara iku luwih tuo,
luwih enom, pangkat, apa perlu diajeni, babar pisan durong di ngerteni. Pamilihing tetembungan dumadi sanalikane nampa swara ing telepon.
Urutane wong nelpon :
- Uluk tobe (salam)
- Uluk aroh, kanthi takon arep nggoleki sapa
- Nyebutake apa perlune kanthi cetha lan cekak
- Uluk panuwun, Yen wis rampung
- Uluk tobe, minangka panutupe wicara
2.) Gatekna lan tandhingna tuladhane micarane nganggo telepon ing ngisor iki !
- Micara nganggo telpon seng pertama
Slamet : Haloiki sapa ?
Peni : Ya…halo iki Peni, la koe sapa ?
Slamet : Aku Slamet, kakangmu nang ngendi Pen ?
Peni : Nyang warong, lagi diutus Bapak tuku batu batre.
Napa ta Mas, kok dingaren nggoleki Mas Edi ?
Slamet : Aku ape nyilih buku jawane Edi !
Peni : Ya ngko tak kandake Mas Edi !
Slamet : Wis ya Pen ? Da…!
- Micara nganggo telpon seng ke loro
Slamet : Sugeng esuk iki Mas Edi ?
Peni : Sanes, kula Peni, Panjenengan sinten ?
Slamet : Aku Slamet, Dhik Peni. Mas mu ana Dhik ?
Peni : Ah,Mas Slamet, dak kira sapa. Anu mas, iki Mas Edi nembe metu diutus
Bapak tuku batu batre nyang warong kulon kana. Sajake perlu banget ta Mas ?
Slamet : . . . . . .
Peni : . . . . . .
Slamet : wis ya, Dhik ? matur nuwun lho, Sugeng esuk !
MACA GANCANG
- Tumrap wong kang bisa maca nulis utawa weton pasinaon.
- Maca uga kalebu kabutuhan.
- Luwih-luwih tumrap para winasis.
- Awit sanajan ta mung kanthi maca, sapa bae bisa ngetuti jantraning jagat.
- Bisa ngerteni owah gingsire jaman, bisa nonton polah tingkahe manungsa.
- Lan bisa meruhi maneka kadadeyan ing ngendi-endi.
- Mulane, ana sing ngadhakake yen maca iku padha karo mengakake jendelaning jagat.
- Murih nggayuh sakabehe iku.
- Sayekti perlu banget sapa bae bisa maca kanthi gancang lan setiti.
- Sang saya gancang maca.
- Sang saya cepete anggone mangerteni pakabaran kang kawaka.
- Lan tanpa dirasake bisa ngungkret wektu sing dienggo.
- Ana rong prakara kang gegayutan karo maca gancang, yaiku.
- (1) rendhet gancang maca lan
- (2) endhek-dhuwur persenan anggone mengerteni isi wacan.
- Maca gancang saora-orane nemahake telung piguna, yaiku.
- (a) nemokake pawarta (informasi) kanthi cepet.
- (b) ngrambahi kehing kaca buku utawa wacan sajroning wektu kang cepet.
- Ngungkret wektu.
- Amarga sing diwaca mung perangen kang wigati.
Nutcarane Maca Gancang
Gatekna Nut (pola) maca gancang tutburi iki minangka pandom.
1. Nut Malang (vertical)
Lakune mpripat mblandar saka dhuwur langsung mengisor tangan tengen utawa kiwa ora digunakake kanggo nudingi tulisan.
Lakune mpripat mblender saka pojok kiwa mengisor nengen, bolan-balen tapi mireng.
3. Nut Enggak-enggok (zig-zag)
Pandelenge mpripat lumaku saka pojok kiwa dhuwur menengen ngisor, ngiwa maning, nengen, lan sakteruse.
Mpripat lumaku muter kaya spiral, ana sesambungan antara bagian siji lan bagian liyane.
Sing di karepake blok iku wujude paragraph kanthi maca ukara wiwitan lan pungkasaning paragraph, kaajab sing maca bisa ngerteni utawa nduga isine paragraph kasebut.
Lakuning mpripat mblender cepet. Saka pok kiwa nganti pok tengen saben larike suwene maca saben larik sathetik wae.
1. AKSARA JAWA
Pasangan
Sandangan
Tuladha :
- Anak asu : ….
- Mangan nanas : ….
- Ngidak cicak : ….
- Gupak rawe : ….
- Golek kacang :…
Aksara Murda
Aksara Rekan
Aksara Swara
Angka Jawa
2. UKARA PRASAJA
Yaiku ukara kang mung ngadeg dewe ora ono sambungane karo ukara liyane.
Tuladha :
- Aku lunga menyang toko=….
- Adiku tuku jenang=……
1. Naratif (nyritakke)
Wacana naratif yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dewe utawa ngalami dhewe prastawa mau.
Wacana naratif ana werna loro :
- a. Narasi ekspositoris : wacana kang mong manehi katrangan lugu/apa anane. Upamane Jeksa nyritakake kadadeyan
- Rajapati ing Pengadilan.
b. Narasi sugestif : wacana kang ngracik kanthi runtut bisa nggugah pengangen-angene wong kang maca.
Bedane
Narasi Ekspositoris | Narasi Sugestif |
|
|
2. Deskriptif (nggambarke)
Wacana kang nggambarke kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek). Objek mau kaya-kaya ana ngarepe wong kang maca.
3. Eksposisi (nyeritakke proses)
Sajroning wacana eksposisi dibabarke ananing analisa proses nganggo cara narasi. Dadi ancas tujuane pada karo esposisi yaiku njembarake pengertene uwong.
4. Argumentasi (panemu)
Argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahe panemune wong liya . Supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepke penulis/kang ngomong kanthi argumentasi penulis mbudidaya ngakit kasuyatan (fakta), kanggo mbuktekke yen penemune mau bener apa ora.
5. Persuasi (ngajak-ajak)
Persuasi iku sawijining seni vocal kang ancas tujuane supaya wong tumindak jumbuh karo kang dikarepke dening kang celethu, iku uatwa ing wektu kang arep teka gandheng ancas tuyjuane supaya para maos /pamirsa tumindak, mula persuasi uga bisa diarani carakanggo mutusake.
Wujud persuasi :
- Propaganda (ngajak-ajak)
- Iklan
- Selebaran
- Kampanye lesan