TANPA SLIRAMU
Ing sajroning ati aku nangisi
uripku kang wis tanpa arti
ngadhepi dino-dino tanpa kowe ning sisi
Ora gampang anggonku nglalekake
swaramu,esemmu,tangismu
iku bagian saka jiwaku
Meski rembulan ora mampu nyinari wengi
meski kembang wis ora sanggup mewangi
nangin ning kene aku tetep ngenteni
Pinginku mabur menyang rembulan
nanging sayapku ora sanggup
ninggalke sliramu
Aku ning kene
kayata lemah sing ora wedi terkikis wektu
kayata wajan sing ora wedi dibakar
ora wedi panas geni
Meski aku ngerti
tresna iki ora bakal siji
nanging aku ngrasa bejo
ing njero atiku ana kembang
ayu kaya sliramu
Angitane : Ratna Sari.
TRESNAMU
Wengi iki peteng tanpo tresnamu
Sukmaku melayang tanpa awakmu
Tangan iki mboten pingin ucul kadek tanganmu
Mripate iki slalu mandeng senyum manismu
Dalan tresna iki tan kendhat
Yen aku cecaketan karo atimu
Kangenku mboten bakal mari
Yen aku mboten nyumbe tresnamu
Panjenengan dokter sukmaku
Karna tresnaku sampun ing awakmu kabeh
Anggetan : Reiska Desliana
WENGI SING PETENG
Ing tengah wengi
Wulan iku padang sanget
Ngilengake aku marang
Mripatmu kayata bintang
lan swara panjenengan kang merdu
gawe aku pingin ketemu
nanging aku mboten ngertos papanmu
nanging katah tantangan ing uripku
mboten saged ngilangake rosoku marang awakmu
barat iku ngancani wengiku
sing mboten saged turu
amarga mikiri awakmu
jagad iki saksiku
sing tresno sanget marang awakmu
Anggitane: Ria Amalia
TRESNA Sak LAWASE
Manuk padha tembang ing wektu enjing
Kayata atiku sumringah
Lan tersnamu bisa gawe bungah awakku
Uripku dadi tentrem krana tresnamu
Cahyamu kang madhangi atiku
Sukmaku kumelyang kegawa angin
Nanging nalika aku dhahar aku kelingan awakmu
Lan aku ndelok lintang-lintang
Sing padha tibo saka langit
Lan aku nyuwun dungone marang gusti Allah swt
Muga-muga tresnamu lan tresnaku abadi
Anggitane: Ria Putri Agustina.
PERASAANKU
Mesemmu kadya rembulan.
Swaramu kadya gelombang.
Cahyo mripatmu saget indah.
Aku pengen kadya bintang.
Seng kerep madangi dina-dinaku.
Aku pengen slirahmu kadya kupu-kupu.
Seng kerep Menghiasi uripku.
Lan aku pengen slirahmu uga kadya bolpen.
Seng kerep ngisi relung sukmaku.
Mandeng pasuryamu gawe atiku adem lan tentrem.
Tresnaku karo slirahm saget jemblang.
Kadya jemblange lautan.
Tresnaku karo slirahmu saget dhuwur.
Kadya langit lan bumi.
Yen aku adoh saka slirahmu.
Dina-dinaku krasa sepi.
Tresnaku lan tresnamu kagubet ribet lan ruwet.
Panjenengan.
Sihku, penerang atiku, penyemangat uripku.
Kancani sukmakuing njero dina-dinaku.
Yen aku bias weruh mesemmu.
Anggitane : Riyan Ardiansyah
MBUKA BUKU ANYAR
Aku milih mlaku ing Tengah deres e banyu udan
Supaya rak ana seng reti
Yen aku nangis
Mung aku piyambak
Wengi sensaya peteng lelimengan
Nanging rembulan kang elok
Prasasat tan lelah madangi wengi iki
Aku lunga nggawa sak genggem tresna
Kang ana ing atiku
Lan aku meh ngasih
Marang wong kang tulus tresna aku
Atise banyu udan
Petenge jagat iki
Orak dedi halangan kangge wujudake semangatku
Aku pengen mbuka bukuku kang anyar
Supaya bisa nulis
Dina – dina ing ngarep
Bareng wong kang tulus tresna marang aku
Weneh ana sak titik cahyamu
Supaya aku bisa weruh
Ana ngendi awak mu
Anggitane: Rizki Afiyah
Tresno kang adoh
Kulo ngeroso seneng na sampean ing sampingku
Kulo ngeroso trenyuh na sampean mboten bersamaku
Walaupun kini sampean adoh dariku
kulo bakal trus tresno datheng dirimu
kulo bakal trus enteni dirimu
nang ngendi bae kulo trus mikirin sampean
socamu engkang sipit
senyummu engkang manis lan
tembangmu enggkan membuatku tenang,tentrem lan bahagia
Anggitane: Septianingsih Margalani
GURUKU
Semilir angin sayup – sayup tak krunguni
Kalian suara gemuruh ombak ing kala peteng
Saking keadohan aku nyekseni
Pantulan esemmu ing dalem cahya senja
Kelingan kala awakmu teko
Sirami kegersangan ilmu ing dalem awakku
Saingga aku bisa ngrasakne
Sebuah kesenengan ing dalem uripku
Lan aku dadi berguna
Kayata kembang seng selalu di inggapi tawon lan kupu – kupu
Jasamu bakalan tak kenang tekan akhir hayatku
Lan asmamu bakalan kusimpen
Ing dalem sukmaku
Anggitane: Shovi Mumtazaturrohmi
WAJAHMU
Wajahmu kayata sinar rembulan
Kang madhangi jagat petengku
Wajahmu kayata srengenge
Kang ngancani setiap jangkaku
Tanpamu
Aku kayata wit tanpa godhong
Wajahmu lembut kayata bahan sutra
Wajahmu ngalahke sinar rembulan
Nalikane kula sare
Rupamu krasa neng ngimpi ku
Oh bunga desa
Kau di didik anggo welas asih
Watakmu sing lembut lan sopan
Gawe wong lanang mesti ngluru lan ngucapake
Aku tresna karo sampean
Anggitane: Siska Maya Sari
KATRESNAN
Sajroning atiku panjenengan iku sempurna
Jantungku berdebar ketika ndelok atiku
Aku luru papanmu ing atiku
Aku tindhak ing atimu kangge ngisi dina-dinaku
Mripatmu kayata bintang kang kedapkedip
Swaramu kayata ombak banyu ing segara
Esemu gawe atiku tentrem lan gembira
Aku seneng sekabehe kang enten ing awakmu
Mustakaku kelingan kowe terus
Aku tresna panjenengan
Anggitan: Siti Alfiyah
MAMRING TANPAMU
Jagatku mamring tanpamu
Wektu mboten wonten warta
Kembang-kembang lan watu padha melu mamring
Kancana aku ning kehidupan niki
Prasasat kalung sing nempel ing guluku
Pensil kadya saksi tresna kita
Wektu iku urip ing petengan
Cahyamu kadya madhangi jagatku
Krasa abot ninggalke awakmu
Wektu keinginanku kelaksana
Anggitane: Siti Arohmah
Kangenku
Enjing kang cerah
Aku krungu swara ayam kang merdu
Angin kang semilir ngelingake aku marang awakmu
Saben aku arep mangan, saben aku arep turu
Aku mesti kelingan wajahmu
Aku kangen marang awakmu
Rambutmu kang ngombak banyu
Gawe aku ora bisa nglalekake awakmu
Awan putih kang cerah
Madhangi gesangku lan awakmu
Anggitane: Siti Ikromah
Guguran Godhong
Padhang rembulan wengi
Ananging tak sepadhang atiku
Guguran godhong laksana lambangke ati
Awan kang semula cerah pun sakniki dadi redup
Nalika sliramu mutuske lungo
Sukma kang semula seneng dadi duka
Ati semakin remuk nalika aku kelingan awakmu
Indah praemu laksana damar kanginan
Mesemmu isih kesimpen ing sajroning ati
Sungguh aku ora bisa nglupakke. . . . .
Rungokake duh pepujaning ati . . . .
Ing dhuwur meja iki ku tulis geguritan kanggo sliramu
Anggitane: Siti Kholifah
SUARA
Suara sensaya meneng
Nalika kowe tindhak menyang jakarta
Nalika aku kelingan mesemmu sing manis nemen
Madhangi jangkah lan jagatku
Ana ngendi papanmu aku tetep ana ing atimu
Tanganmu prasasat tan kendhat
Nglambaian marang aku
Nalika kowe ngancani aku
Ataerasa mulya atiku
Oh suara sampekna salamku
Kangge renjangku ten Jakarta
Betapa aku tresna marang kowe
Tanpa kabar tanpa swara
Atiku terasa lemah anggonku
Ngadepi dina-dina tanpamu
Swara sampekna salamku sakamu swara
Anggitane : Siti Munawaroh ( A )
SAMPEAN
Sanajan mripatmu sipit
Tapi cinta ku rak sesipit mripatmu
Awakmu iku tulang rusukku
Kangen lan rinduku kang selalu bertepi kangge sampean……..
Sukma mu lan sukma ku wes dadi siji ing sajroning ikatan cinta
Drijine Mucuk Eri…….
Kayata bulan lan bintang aku karo awakmu mesthi bareng….
Swaramu selalu terdengar neng telingaku
Nalika wektu lan nalika kapan bae
Kayata wit tresno ku iki sekokoh wit jati…..
Panggonan tresno ku iki neng atimu
Lan tresno ku iki selamane kangge sampean…….
Anggitane : Siti Munawaroh(B)
KANGEN
Suku ku wis mboten sanggup mlampah malih
Nalika srengenge madhangi jagat
Rintihan ati kang kangen marang tresnamu
Saben wengi aku ngenteni tekamu
Atiku krasa sepi
Uripku tanpa werna
Kayata dalan sing mboten pernah dilewati manungsa
Aku sesingidan ing sajroning petenge jagat
Nggadekaken ati kangge nampi sekabehane
Nalika tanganku mboten saget maleh ngemek slirahmu
Trenyuh ati kula
Nalika kelingan slirahmu kang nyegerke ati
Nanging apa daya
Kula mung manungsa biasa
Ingkang ngrasa kangen
Nalika ditinggal slirahmu saklawase
Anggitane: Siti Patimah
MBOTEN SAGED URIP TANPAmu
Cahyamu selalu madhangi uripku
Mripatmu kadya lintang ing wengi sing kang madhangi langit
Granamu apik kadya kembang mlati sing dereng megar
Lan swaramu kadya ron-ron ing enjing dinten sing kabur kanginan
Menawa tiyang-tiyang sanjang
Panjenengan kenes sekenes gula
Niku mpon lumrah
Krana menurut kula
Panjenengan kenes kaya madu sing nembe mundhut saking sarange
Kula mboten saged urip tanpa panjenengan
Yen panjenengan kesah
Uripku dados krasa peteng
Krana obormu kadya
Srengenge sing selalu
Maringi werno, ngcerahke lan
Madhangi dino-dinoku
Anggitane: Siti Rochimah
TRESNOKU MARANG SLIRAHMU
Idamane Atiku.
Salah suijine Dino.
Kulo ningali Awakmu ten pinggir segoro.
Awakmu lungguh mboten sadar.
Nek enten renggateke awakmu.
Saat kulo ningali langit cerah ten wayah Sore.
Semilir angin ngibaske rambute awakmu reng terurai.
Bebarengan kalian kulo ningali Mripatmu.
Walaupun rawuhmu mboten dangu.
Tapi saget nentremake atiku.
Napa niku reng jenenge Tresnaku marang slirahmu ?
Wedal wengi kulo ningali.
Rembulan reng dadari mancarke cahaya.
Reng sae, indah, lan sempurna.
Koyo deneng mripatmu.
Reng ningali awakmu.
Saget damel ngruntuhke Sukmaku.
Lan dados damel tresnoku marang slirahmu.
Anggitane: Siti Sakinatur Rizqi
Mboten Wonten Ingkang Abadi
Uripku seumpama segara es kang tiap tahun
Terus mencair ingkang kepangan umur
Utawi seumpama jagad ingkang tiap tahun
Sensaya tua ingkang kepanagan umur
Lan utawi seumpama watu gede
Ingkang kena banyu secara terus menerus
Ingkang kayata biyen awakmu
Awakmu. . . . .demen karo aku
Cecaketan karo aku
Lan ing padunung iki kita telah berjanji
Lan ingkang biyen tanganmu ngelengake aku
Lan suaramu ngademke atiku
Lan iku sakniki hanyalah tinggal kenangan
Anggitane: Sobirotul Aqliyah
TRESNAKU
Awakmu kanyata srengenge
Ingkang sering nyinariku
Sedina ora ana awakmu
Aku krasa sepi…
Kanyata kembang ingkang alum
Amargi tanpa banyu ingkang nyegeraken…
Sepisan aku weruh kowe
Atiku krasa seneng…
Senajan kula ngerti awakmu
Ora tresna karo aku
Tresnaku ora bakal ilang
Mung kowe ingkang wonten neng atiku
Anggitane: Suprihatin
TRESNA KANG SEPISAN
Esemmu ngobori atiku
Kancana sukmaku bab katresnan sajuning ati
Senajan awakmu adah saka awakku
Aku tetep tresna marang awakmu
Krana jagat iki
Wes dedi saksi tresna ku
Marang awakmu
Apa awakmu reti
Dek awan mbengi aku mboten nglalekke awakmu
Senajan angin panas
Nyinari ing nduwur sirahku
Aku tetep tresna lan setya marang awakmu
Karna awakmu tresna kang sepisan
Anggitane : Syafa’atul Udzma
TRESNA KANG ICAL
Kahanipun krasa sepi
Wanci wengi kula turu
Nalika aku ningali esemmu
Kadya kenes kayata madu
Sukmaku krasa sumringah
Nalika aku wonten ing sajroning atimu
Nangin kabeh niku ngilang
Ngilang saking uripku
Duniaku krasa abot
Adoh saking langkahmu
Anggitane: Syamsiatun Naini Apriliya.
KANGENKU
SABEN DINO…..
AGEN-AGENKU KARO AWAKMU
KADYA AGIN SING SABEN DINO
GAWE TENANG ATI KU
WAJAHMU…
SELALU WONTEN ING SOCA KU..
CAHYA SABEN DINO…..
REMBULAN PURNAMA
SING NYINARI SETIAP
WAJAHMU,
KADYA REMBULAN PURNAMA
SING NYINARI SETIAP WENGI KU
OH KASIH KU…..
AKU WIS PENGEN CEKATAN
KARO AWAKMU…
Anggitane: Titik Ismayati
Kangen
Nalika Aku kangen marang awakmu
Aku mesti kelingan,
Kelingan Awakmu nalika maringi kembang marang Awakku
Swaramu nalika nyanyi ning pangarepanku
Ndadekake atiku gemeteran
Esemanmu,
Kayata lampu sing padang banget
Sing madangi atiku nggal aku arep tumindhak
Awakmu sakti banget,saka sikapmu
Ndadekake aku tresno marang awakku
Yen wengi wis teka
Mung sumilir angina wengi sing ngancani aku
Fikiranku buyar,
Lan mung kelingan awakmu
Aku kangen marang esemanmu,
Nanging saiki,
Marang ngendi langkahmu lunga
Sanajan dhewe ora tau ketemu
Anggonmu bakal tetep ning atiku seamane.…
Anggitane: Titik Istiani
Tresnamu
Tresnamu tak pendem nang jero ati.
Tresnamu kang suci lan tulus.
Tresnamu ora tak bagi kanggo sapa bae.
Esemmu kayata madu.
Tinapi sedihmu pahit nang atiku.
Krasa seneng njalani urip iki.
Urip tanpamu kayata kali tanpa banyu.
Wajahmu kayata bintang.
Kang terus madangi wngiku.
Tresnamu lan tresnaku terus bebarengan.
Kanthi aku nang panggonan saklawase.
Anggitane: Tri Riyana
DOA
Ing sujud
Aku teteske banyu saka mripat iki
Kelingan ing wanci
Nalika aku katisen
Awakmu ngangetke awakku
Nalika aku gawe salah
Awakmu mesem manis ngandani awakku
Ing pandongoku saben dina
Mugi-mugi awakmu
Seneng ana ing kubur
Paring keslametan
Ana ing akhirat
Aku adoh saka awakmu
Anggitane: Tuti A’lawiyah
TRESNAKU
Kala awakku kepanggih pandanganmu
Tresnamu kedugi mbelah atiku
Kanyata purnama mbelah langit
Jawoh sanes rintangan
Ingkang gawe wong kendel kangge majeng
Obormu kang makantar – kantar
Ingkang gawe atiku Rumaos remen
Cecaketan marang awakmu
Tresnaku seng mesti wangi
Sanajan dipuntedha angen wektu
Parasmu, sifatmu
ingkang gawe awakku semangat
seng mboten saged pejah
Anggitane: Umi Suci Hidayati
Kaendahanmu
Pelangi ing langit kang warna warni
Kayata kembang
Wajahmu kang bercahaya
Gawe padang urepku
Gawe adem ing atiku
Nalika asta iki mboten saget di obahke
Tangan iki kepengen krajuk
sajronging atiku
pengen cecaketan kaleh awakmu
kang apik lan indah
nyemangati langkahku
Anggitan: Uswatun Khasanah
Tresna
Kula tresno karo sampean
Sampean kang gawe awakku
Anteng sajroning ati
Kang madhangi jagadku
Wajahmu kang ayu
Gawe kula mboten saged nglupakke awakku
Wajahmu jumbuh kayata bulan purnama
Ananging saiki kula mboten saged mandhang wajahmu
Sampean kang gawe kula tresno
Saii gawe kula nangis
Saben dina pipiku teles kerana tangisan
Saiki sampean sampun mboten wonten
Ing jagad iki
Namun kula tetep tresno karo sampean
Anggitane: Vina ulyani
KAENDAHAN
Socamu medalakan cahaya
Karna cahayamu iku
Aku boten saget nglupakke sliramu
Karena ana pelangi neng socamu
Tinapi wonten setunggal sing mboten saget
Di lupakke maring sliramu yaiku
Swara lan irungmu….
Saking senenge,pikiran ibumu…
Sing nglahirke sliramu….
Aku dados trenyuh
Wacana terindah kang pernah kuwaca…..
Anggitan: Wahyu Ani Wigati
KATRESNAN
Aku tansah tresno awakmu
Wicaramu lemah lembut
Kang bisa gawe ati tentrem
Panjenengan mesti ana
Ing ati lan fikiranku
Sehelai klambi
Sing gawe aku susah
Nglalekna awakmu
Senajan aku wis sinau
Kanggo glalekake awakmu
Tapi aku malah tibo Ing pelukanmu
Awakmu gadhah sifat kang
Gawe aku seneng
Anggitane: Warnila
TRESNO MARANG IBU
Ibu . . . . .
Anggonku kangge curhat
Tantangan sing angel
Dadi gampang
Nek wonten ibu
Atiku longgar koyo kembang megar
Nek weruh eseme sing manids banget
Lan aslise sing nanggal sepisan
Ora bakal biso aku nglalekke
Aku bakal tresno saklawase
Marang ibu
Aku bakal nglindungi ibu
Kayata ri-ri sing nglindungi
Kembang mawar
Ibu. . . . .
Panjenengan
Malaikatku,sihku,lan cahayaku
Ing jagat niki
Anggitane: Widya Yuliana
IBU
Sedino, sejam, semenit lan sedetik
Aku mesti nyebut asmamu
Pengorbananmu gedhe sanget marang aku
Esemmu dadekke aku semangat
Nalika aku lara, kau seng ngobati aku
Kasih sayangmu kayata kertas
Seng iseh bersih lan putih
Senge mesti ku ileng nang pikiranku
Sampek rikmaku putih kabeh
Demenku nang dunya iki rak ono tandingane
Tanpa kau, aku rak ono nang dunya iki
Sedino aku ora temu, aku kan ngayuh
Sampek ujung dunyo iki
Anggitane: Wilda Hanimah
BINTANGKU
Wengi sensaya atis
Bintang kancani geteng lelimengan
Tresna ku kale jenengan ora iso sedo
Kulo setiap waktu mikirke jenengan
Jenengan ibarat bintang ning awan
Padangi atiku seng ayem tentrem kale jenengan
Sak ikine jenengan ilang ora ana pawarta
Kula goleki jenengan tanpa sayah
Tapi tetep bae jenengan ora ana pawarta
Atiku kaya rongaring tanpa jenengan
Tresna ku sajroneng atiku ora iso ilang
Sampean tuhan misah ke kita
Oh . . . . . . Bintangku
Anggitane: Wilda Nofiati
KATRESNAN
Aku lank owe lenggah bareng
Neng nduwur kursi seng izek mulus
Esemmu manis kaya madu
Pandanganmu ngalihke jagatku
Tanpa klalen aku mikirke awakmu
Tekan kegawa mimpi neng tilemku
Klebu sajroning ati
Tersnaku tekan kagubet mori
Kaya panci sing ora klalen karo tutupe
Kaya surya sing selalu bersinar
Anggitane: Winda Putri
KATRESNAN
Cahyamu gawe aku kumelyang mboh ana ing ngendi
Yen aku nyawang mpripatmu kang bunder
Aku ngrasa pingen cecaketan terus marang awakmu…
Aku mboten saged mbayangke yen aku pisah marang awakmu
Uripku bakal peteng karna adoh saka cahyamu
Seng kaya rembulan seng bias madangi uripku…
Matahari, dina lan wektu kang dedi seksi
Yen aku katresnan marang slirahmu
Mboten wonten sak liyane awakmu…
Kang mas…
Aku tresna lan sayang marang awakmu
Panjenengan…
Urip lan matiku,permata lan berlian atiku…
Ana ing ngisar langit iki
aku sumpah yen aku tresna marang awakmu…
aku kepengen urip bareng marang awakmu
ngadepi dina – dina sesarengan yen seneng lan susah
Anggitane: Wulandari
PUTUS
Nalika sampeyan wis mboten kalian Sekar sing diparingi awakmu
Selalu tak simpen
Senyum manismu tuntas
Neng njero mimpi
Setiap aku mlampah
Mesti ono bayanganmu
Opo bae sing kulo lakukan
Selalu ingat awakmu
Namun………..
Uripku sengsaya rak ana gunane
Nalika panjenengan Ngucapke
Putus…………..
Saiki suasana atiku sepi
kula
Atiku kaya samudra
Seng rak ana penghunine
Obor sing maune padang
Saiki rak maneng
Karena kenang angin
Dina-dinaku krasa luwih abot
Ngejalani dina
Rak bareng awakmu
Anggitane: Yuliani Sita Dewi
TRESNOKU
Naliko aku mbuka’ jendela
Naliko iku pula aku koyoto ningali panjenengan
Sukmaku kumelyang koyoto kapas kang kabur kanginan
Aku tresno karo sampean
Ten ngandap cahaya lampu aku ningali sampean kang bagus rupane
Aku sensaya tresno karo sampean
Naliko iku aku ningali awakmu tasek jalan-jalan kalian wong wadok liyo
Kang apik rupane
Atiku keroso panas
Nelongso tak rasakke
Anggitane: Yulita Khofiyani
NGEROSO SEPI
Ing wulan iki aku kroso sepi tanpo dirimu
Prautanmu ngawe semangat urip ku
Pandanganmu ngawe atiku gemeter
Nangeng raga ku
Aja mok keloro ke
Marang wong liyo
Ing dukuh iki
Aku ngerosokke
Angin seng gedene . . . . .nemen
Nangeng aku
Rak iso ngawek ke
Makantar-kantar geni iki
Tanpo dirimu
Anggitane: Yuliya
KAWAN
Kawan . . .
Sewu gunung wis tak lewati
Sewu jangkah wis tak lakoni
Senajan irung neteske getih
Nanging ora tak gawe loro ati
Kawan. . . .
Wit biyen aku tansah goleki
Anganmu tansah mbayangi
Aku ora bisa ngademake ati
Karna mung awakmu sing tak dinteni
Anggitane: Yunia Qoriaina
IBU
Ibu… Jagatmu jagatku
Tanpamu kula nelangsa
Panjenengan kadya geni sing makantar-kantar
Ing atio kula
Wajahmu selalu ana ing pikiranku
Oh ibu…..
Atiku mamring tanpa awakmu
Alismu nanggal sepisan
Ayu kayata atimu
Dina-dinaku sensayasumringah
Sakwise awakkmu teka ing njero atiku
Ragamu selalu ana ing benakku
Tresnaku gede marang sliramu
Anggitane: Zaenatul Rosiam
KANG TERSAYANG
Uripku ngrasa luwih endah bareng slirahmu.
Nalika awan peteng nutupi langit nan biru.
Slirahmu kang madhangi kaliyan cahya tresnamu.
Swaramu……
Kang dadi penyemangat ing uripku.
Ing kabeh Jagat ikilah, mung Slirahmu.
Naliko aku ningali ali-ali kang ngubengi ing jari.
Iku sampun dadi bukti, neng slirahmu tresna aku.
Atiku seneng nduweni slirahmu.
Inggal wengi aku ndongo kangge kebaikanmu.
Lan aku ngarep kito saget urip bareng slirahmu.
Sak teruse……
Inggal jangkah aku terus inget slirahmu
Mung slirahmu ing aku sayangi……….
Anggitane: Zahrotul Ukhba
KANGEN
Awakmu gawe dina – dina ku berwarna
Wajahmu manis lan bersinar
Kadya sinar rembulan
Madhangi jagat iki
Ingkang peteng
Adoh saka cahyamu
Gawe aku sangsaya kangen kaliyan panjenengan
Bayangmu selalu ono ing pikiranku
Panjenengan
Penerang lan panutan ing uripku
Anggitane: Zuliatus Sa’adah